Home »
Bahasa Jawa
» Atur Pambagya Harja
Atur Pambagya Harja
Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa
Contoh 1
Kata Sambutan bahasa Jawa dalam acara peringatan Maulid Nabi.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Bapak-bapak, Ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang dahat kinurmatan. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur alhamdulillah wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal sesarengan wonten ing masjid ... ngriki.
Ing dalu (dinten) menika tanggal 12 Rabiulawal tahun ... utawa tanggal ... wulan ... tahun ... masehi. Kula panjenengan sedaya saged kempal wonten ing masjid ... ngriki, ingkang saperlu Maulid Nabi junjungan kula panjenengan sedaya panjenenganipun Nabi Agung Muhammad SAW, Rasulullah panutan umat Islam.
Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Ageng Muhammad SAW ing masjid ... ngriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW ing masjid ... ngriki. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dhumateng agami Islam minangka pitedah kebagyaning agesang wonten in ngalam donya dumugi wonten ing alam akhirat samangke.
Boten langkung kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para mudha sanak sedherek ingkang sampun paring pambiyantu ngenthengaken saha tumut ngrigenaken pengetan Maulid Nabi menika, kula minangka panitia penyelenggara boten saged ngaturaken menapa-menapa kajawi pudya pudyastuti dhumateng Pangeran Allah SWT mugi amal lan kesaenan panjenengan sadaya kala wau angsal piwales; ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah SWT.
Wondene inti saking pengetan menika badhe dipunwedharaken dening Bapak ... Mubalegh ... saking ...
Kula kinten menggah atur pambuka kula cekapi semanten, nuwun.
Akhirul kalam billahit taufik wal hidayah, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
https://www.detik.com/jateng/berita/d-6758144/5-contoh-kata-sambutan-berbagai-tema-dalam-bahasa-jawa







Tidak ada komentar:
Posting Komentar